Minggu, 31 Januari 2010

SYEKH SITI JENAR - MBABAR WADINING ALAM





Miturut Syekh Siti Jenar uripe manungsa ing alam donya iki amarga anane kawruh budi utawa “pendapat”. Manungsa seje [beda] karo bangsane kewan. Kabeh mau urip ing alam donya amarga sipat utawa tabiat kang ana ndhuk kewan mau. Kanggone sapi, panganane ya suket utawa tetuwuhan sabangsa suket. Ning manungsa kudu nampa piwulang saka wong liyane sing wis luwih dhisik ngerteni. Misale, mangan duduh rawon. Merga awak dhewe iki urip ndhuk Jawa, wiwit cilik dikandhani, iki lho rawon penak. Akhire arep dhahar rawon. Pokoke manungsa iku ora bisa urip karepe dhewe kaya kewan. Bebek nembe netes langsung bisa ngelangi. Manungsa ora bisa. Kudu belajar saka pendhapate wong liya piye bisa nglangi sing bener. Nganti, nuwun sewu, arepe e-ek wae kudu takon nang wong liya ndhuk ngendi pernahe. Seje karo para walisanga, panjenengane kabeh mulang kawruh yen uripe manungsa kuwi amarga saka ciptaning Allah.

Al Quran, QS 2:94, "Yen kampung akerat sing pernahe ana ing ngarsaning Gusti iku mung kanggo awakmu, lan dudu kanggone wong liya,  Lha, mulane ndhuk kene iki kudu dimangerteni. Yen pancane surga iku mung kanggone wong agama tartamtu, lha mbok enggal-enggal mati ben cepet weruh rasane surga. Laopo gelem ngenteni sampek pejah dhewe. Lha yen wis ngerti yen surga iku kanggone kabeh manungsa sing gelem tumindak becik, ya ayo padha urip sing rukun, hamemayu hayuning bawana langgeng.


“Mungguhing Siti Jenar, wong urip ing alam donya iki padha kahanane. Ana dhuka lan nestapa. Ana seneng lan bahagiya. Ora ana bedane antara-ne wong siji lan liyane. Kandhane Siti Jenar, agama kang arane beda-beda, Hindu, Buddha lan Islam, ning kandhutan lan tujune ora beda. Mulane para wali disuwun supaya beda ing pamandengan iku ora ndandek-ake padu lan cengkreh. Ing jamane Siti Jenar, agama sing ana ing tanah Jawa mung telung macem yaiku Hindu-Buddha-Islam. Mungguhing Syekh, beda ing agama, beda ing pamandengan, ora perlu nganti kadadean anane raja pati utawa korban. Amarga saben wong duwe rasa suka lan lara, mula wong urip milih pamandengan lan agama iku kanggo kabagyan uripe. Sing rumangsa begja ngugemi agama mau, tamtu wae bakal ngugemi sing tenanan. Lha sapa wonge sing ora bisa rumongsa bahagiya ing sajroning ngugemi agama mau, tamtu wae bakal ngugemi sarana kapeksa utawa alon-alon agama mau bakal ditinggalna.”


Pancen bener koq. Agama iku sejatine dalane urip. Lha wong urip iki bebas olehe milih dalan, yen miturut pinemune dalan mau cocok lan aman kanggone sing ngliwati. Misale, yen kanggoku dalan A luwih krasa cocok, ning kanggone wong liya mungkin ora cocok. masiya tah dalan mau padha tujune. Dununge padha ning slerane ora padha! lha mulane ora perlu rebutan lan ceker-cekeran. Kaya sing wis kasebut ing ngarep, manungsa iki sejatine urip lelandhesan pandengan, opini. Beda karo kewan. Manungsa bisa duweni panganggep yen duwe mas 1 kg iku kena kanggo urip pirang-pirang tahun kanggone wong tani kluthuk. Nanging yen emas mau diseleh ndhuk tengah-tengahe wong Papua sing isih primitip, ya ora ana gunane. Mulane uripe menungsa iki pancen lelandhesan opini,pandengan, utawa pendapat. Kanggone Siti Jenar, agama uga pandengan kanggone wong urip miturut adat lan budayane agama mau.


Dhawuhe kanjeng Siti Jenar: “Donya sing dak panggoni saiki karan alam kuburan. Ing donya iki ingsun nemokna wadhag, kang asipat jasad. Lha jasad iki asipat bathang. Nanging, yen pancene ingsun iki wis ketemu urip, ingsun ora bakal ketemu marang wadhag sing asipat bathang. Yen arepe ketemu wadhag bathang maneh, dina iki wis katon kahanane.” [Iki jarwane dhawuhe Siti Jenar marang Modang, utusane wali.] Yen, digamblangna nganggo basaku, miturut Syekh Siti Jenar, wong lahir ing alam donya iki sejatine lahir kanggo antri mati. Mulane pati ora kena ditolak. Paling banter, mung nundha mati. Tapi, mesthi matine. Mulane piye bisane mati sing pener, iku sejatine sing dibabar karo Siti Jenar.


“Kauningono yen donya sing dak panggoni saiki iki satemene dak arani alam kubur. Ing alam donya iki ingsun nemokna awak kang arupa jasad, miturut dalil kang lapale “al-alamu kulumujudin”. Tegese, ing saben-saben alam manungsa tansah nemokna awak kang asipat bangke [bathang]. Nanging, yen pancene ingsun iki wis urip sejati, ingsun ora bakalketemu awak kang asipat bangke mau. Saupamane ingsun iki entuk awak, saiki ya tamtune wis katon.”


“Ingsun ora bakal kesasar yen wis wancine urip ing tembe buri. Ora bakal mrawak rambang [mung andhuga, ngira-ira] yen ingsun kandha yen saiki iki satemene ingsun ing sajroning pati. Urip ing alam donya iki awujud jisim, balung, sungsum, otot lan daging. Saiki iki ingsun rumongsa kesasar ing alam pati. Ya ing donya iki ingsun ketemu ambek iblis, setan, lan macem-macem neraka. Ya ing donya iki jisim kajiret rante lan banyu panas.”


Mati pancen wis pepesten. Saben uwong ngrumansani yen bakale mati. Arep ninggalna gumeyaring bumi. Yen ana sing takon, sapa sing arep ninggalna bumi? Saben agama menehi piwulang yen “diri” utawa “jiwa” sing manggon ndhuk badan wadhag iki sing ninggalna donya. Kasebut “tilar donya”. Ana sing ngarani sing bakal ninggalna bumi iku nyawa utawa sukma. Wong-wong Islam padha ngarani “roh”.Wis ora perlu dilebokna nang pikiran. Diri, jiwa, nyawa, sukma, utawa roh iku mung istilah. Sing penting, ing sajroning sarira, badan, iki ana dat kang ora katon sing bakale lunga, oncat saka raga minongka garbane urip. Satemene, wong urip tamtune pengin weruh. Apa ta sejatine kahanan sak wise mati kuwi. Saben agama duwe pimandengan dhewe-dhewe. Supaya gak gampang lali.

Iki jarwa bebase Pupuh 8 [Asmaradana 1-2], naliko Syekh dawuh marang utusane wali.  "Kauningono yen donya sing dak panggoni saiki iki satemene dak arani alam kubur. Ing alam donya iki ingsun nemokna awak kang arupa jasad, miturut dalil kang lapale "al-alamu kulumujudin". Tegese, ing saben-saben alam manungsa tansah nemokna awak kang asipat bangke [bathang]. Nanging, yen pancene ingsun iki wis urip sejati, ingsun ora bakal ketemu awak kang asipat bangke mau. Saupamane ingsun iki entuk awak, saiki ya tamtune wis katon."     "Ingsun ora bakal kesasar yen wis wancine urip ing tembe buri. Ora bakal mrawak rambang     [mung andhuga, ngira-ira] yen ingsun kandha yen saiki iki satemene ingsun ing sajroning pati. Urip ing alam donya iki awujud jisim, balung, sungsum, otot lan daging. Saiki iki ingsun rumongsa kesasar ing alam pati. Ya ing donya iki ingsun ketemu ambek iblis, setan, lan macem-macem neraka. Ya ing donya iki jisim kajiret rante lan banyu panas." Diri, jiwa, nyawa, sukma, utawa roh iku mung istilah. Sing penting, ing sajroning sarira, badan, iki ana dat kang ora katon sing bakale lunga, oncat saka raga minongka garbane urip. Satemene, wong urip tamtune pengin weruh. Apa ta sejatine kahanan sak wise mati kuwi.


Siti Jenar paring pepandeng-an menyang para siswa yen donya iki asipat “kuburan” atawa alam pepati[alam kematian]. Para wali Jawa padha kaget. Amarga miturut kawruh kang wis ditampa, donya iki kasebut ngalam fana, lan akherat iku ngalam baka. Ngalam fana miturut keyakinan kang wis lumrah ateges alam kang bakal lebur, sirna, yen wis ketekan kiyamat. Ing sawise kiyamat mau, Pangeran arep nggawekke alam kang anyar kang kasebut akherat kang langgeng. Munguhe Siti Jenar, kawruh kang mangkono mau malah andadekake urip kesasar [tersesat]. Siti Jenar dhawuh menyang siswa-siswane kang agama ne Hindu, Buddha, Islam lan Jawa. Ngendikane: Wruhana para siswa, yen sejatine alam kang kita panggoni iki sejatine alam kubur. Ing alam kubur manungsa padha seneng nyimpen apa-apa kang ora kena di-gawa menyang alam kelanggengan. Yaiku alam sawise kita mati. Mulane  wis dadi ciri wantine ndonya yen anduwe sipat kang ora transparan. Ndonya seneng ngaling-aling dununge wong urip sejati. Miturut Siti Jenar, kita kang dilahirake ing donya iki asipat “bathang”. Kita durung dadi manungsa jati. Lha, nyatane pancen bener.Kita kabeh iki sejatine lair kanggo antri mati. Apa ana wong sing lair terus kepengin urip terus?


Yen ana wong sing duwe pepengin urip kang suwe [atusan tahun], wong mau kudu ngupaya nganggo ilmu kamoksan. Lha kasile apa? Dawa umur nanging ora bisa semrambah urip bebarengan kanthi nglegena. Ora bisa dideleng kasatmata. Ora bisa dipotret. Lha, badan wadge wis oran kaya lumrahe manungsa biasa. Lha, yen miturut Siti Jenar, wong urip iku kudu wani mati. Dudu kepek-sa mati sing kaya umume wong urip iki. Wong urip kudu golek kawruh supaya bisa mati miturat karsane dhewe. Dudu mati amarga dijalari sabab-sabab sing andadekake pati. [Wah...., iki angele ram]. Mati amarga karsane dhewe. Sahingga wong mau bisa ngulihake apa-apa kang disilih ing sajroning urip iki, yaiku badan wadag lan nyawa.


Yen manungsa wis bisa ngulihna [nglunasi] utange, jasad bali menyang tanah [marga kersane dhewe], sing asale saka banyu bali dadi banyu, angin bali dadi angin, geni bali dadi gene, lan nyawane bali menyang alam akasa [eter lan astral], sing kari “pribadi”-ne dhewe. Wujud pribadi, iki satemene wujude manungsa sejati, wujud kang nunggal siji karo Gusti. Wujud kang mengkene iki satemene wujud kang langgeng, lan tansah bungah uripe. Ora luwe, ora lara, ora kena pati lsp. Miturut Siti Jenar “swarga” lan “naraka” iku asipat kawadis, tegese barang anyar. Apa wae sing asipat anyar ora bisa langgeng, bakal sirna. Mulane Siti Jenar ora bisa nampa kapercayan yen surga lan naraka iku langgeng. Apa kang cinipta, barang dumida, wusane niscaya sirna. Mulane wong urip ora perlu golek swarga, sing diperlokake iku ya dalane urip kang bisa nemoni urip “pribadi sejati”.


Yen diumpamakna, urip saiki iki kaya winih. Ora ana wong sing bisa mesthekna yen winih iku urip. Lha supaya winih mau bisa urip yen ditandur, winih mau kudu disimpen sing bener lan pener, diruwat saka sakabehing penyakit, lan dipiara sing bener. Supaya ora dadi bathang terus. Supaya urip! Yen wis urip tamtune dudu “winih” maneh. Lha..., intine dhawuhe Siti Jenar kaping pitu, ya ndhuk kene iki. Tegese, yen manungsa [pangkat lan jabatane apa wae] isih kapincut ma-rang donya emas picis raja brana, isih seneng rebut kuwasa, duwe pa-mrih kanggo awake lan balane [golongane], ora bakal bisa nemu dalane urip sing bener. Masiya tah rek, awak dhewe iki wis ngerti teorine lan tata-cara olehe mraktekake, yen isih kabotan donya lan kuwasa, isih seneng sirik, dengki lan srei marang liyan, wah tangeh lamun yen bisa nemu pepadhanging urip.


Siti Jenar tetep ngagem agama Islam. Ning Islam kang wis kajarwake ing tanah Jawa. Apa sing diaturna marang para wali mau sejatine ya ana ing sajroning Al Quran. Coba dipirsani QS 56: 77-79. Ing kono kasebut-ake yen “ora ana wong kang bisa ndumuk [paham, ngerteni] isine Al Quran kajaba golongane wong-wong sing disucekna batine.” Lha, yen miturut kawruh sarengate Kanjeng Imam Sapii, ayat Al Quran mau ora kena didumuk karo wong sing durung suci. Mulane, yen arep ndumuk kudu sesucen dhisik alias wudu. Iki yen miturut pamanggihe Imam Sapii. Nanging, miturut Siti Jenar ora mengkono. Lha asline Al Quran iku rak ndhuk jerone dhadha, ora ing dluwang. Yen Al Quran sing wis katulis ing dluwang, ya di dol ndhuk ngendi wae, lan kadumuk lan kedumuk karo wong saparan-paran.


Miturut Siti Jenar: ora bakal ngerteni isine [kandhutane] Al Quran kang kanggo ngerteni dalane urip sing bener, yen uripe durung resik [durung disucekna]. Nyuceknane ora nganggo banyu. Ning kudu wani angresiki rereget kang ana ing jerone batin utawa ati. Apa wae kang aran regeting ati kaya iri, sirik, sombong, dengki, golek menange  dhewe, golek benere dhewe, rumongsa kuwase marang liyan lan kabeh sipat kang ala kudu diresiki, dibersihna saka jroning ati. Uga kasebut ing Al Quran surat Al Hijr [15]:39-40. Iblis sambat marang Pengeran: “Duh, Pengeran, sarehne Panjenengan sampun mutusaken bilih kawula punika urip nyasar, mila kula badhe sasaraken tiyang sak donya punika. Kajawi para abdi panjenengan sing iklas.”


Lho, coba dipriksani sing titi. Yen ing ati iki ana sak cuwil wae sipat sing ora iklas, wah...., iki bageyane iblis. Apa salah iblise?Temene ya ora! Wong iblis bisane nyasarna wong sing uripe ora iklas. Lha iklas iku apa? Ya, ati kang bersih saka sipat kang ala mau. Iki wis dadi pangertene wong Jawa wektu iku, yen sejatine kitab suci iku ana loro wernane.  Kaping siji, apa sing diarani kitab garing. Yaiku kitab suci kayata Al Quran, Injil, Taurat, Weda lll. Kitab suci iki tumurun ana ing bangsa-bangsa sing nampa utusan Ilahi, utawa para nabi lan awatara. Kitab suci mau yen digawa menyang bangsa-bangsa sing ora nampa nabine [sing ngasta kitab], dadine ya wis garing. Tegese wis ora bisa diprak-tekna maneh yen ora dijarwakake. Amarga kitab suci mau wis digawe pas karo Gusti Kang Maha Agung kanggo bangsa sing nampa langsung. Misale, Kitab Suci Al Quran diwahyokake ing Arab, dadi ya nganggo basa Arab lan pangerten, sanepa, kreta basa lll sing uga bisa dipahami ambek wong Arab. Surasane ukara uga pas karo wong Arab.


Lha, kitab-kitab mau diwulangna nang Jawa, tamtune ya ora pas karo surasane wong Jawa. Mulane kasebut “kitab garing”. Lha, kitab sing ana ndhuk tengahing manah, iki karan “kitab teles”. Yen kitab teles iki diolah surasane, njur kena kanggo mbukak kandhutane kitab-kitab garing mau. Mulane wong Jawa biyen bisa nggawe serat-serat macem-macem. Kawruh Weda Mahabarata diolah karo Mpu Kanwa, bisa nglairake “Arjuna Wiwaha”. Buddha Jawa ngolah graita kitab Tipi-taka bisa mujudake “Candi Borobudur”. Lsp. Lha Siti Jenar karepe uga mengkono. Kitab Al Quran kudu diwaca nganggo surasane wong Jawa, dudu surasane wong Arab. Supaya kitab suci mau kena dinggo dalane uripe wong Jawa. Siti Jenar ora kleru, amarga ing Al Quran dhewe, ing Surat Al Ishraa’ [17]:72 ana dhawuhe Pangeran kang jarwane: “Sapa wae kang wuta batine ing alam donya iki, bakal luwih wuta ing akherate, lan bakal luwih nyasar uripe.”


Mulane Siti Jenar olah rasa kanggo mangerteni kandhutane Al Quran mau, lan nyipta lakune sarengat kang bisa dilakoni ambek wong Jawa. Ning ya ngono, sarengat Al Quran kang cinipta dening Siti Jenar iki wujude dadi beda ambek sarengat kang diwulangake para wali. Dadi, yen ing suasana saiki para wali lagi eker-ekeran ertine Quran. Para wali karepe ngepleg karo sing wis ditapsirna ambek ngulama-ngulama Arab. Lha Siti Jenar ora gelem. Amarga piyambake rumaos nampi sasmita saking Dzat Maulana, Gusti Kang Paring Pangayomane urip. Siti Jenar ora nyalahi Al Quran. Amarga miturut Al Quran dhewe, sejatine wong sing bisa mahami kandhutane Al Quran iku yen wis batine kasucekake, QS 56:79 “Ora ana sing bisa mangerteni kandhutane Al Quran kajaba wong kang wis disucekake batine karo kang Maha Kuwasa.” Miturut Siti Jenar, para wali batine isih kotor, amarga kasengsem donya brana saka Raja Demak. Mulane ora bakal ngerti isine kitab suci. Siti Jenar paring kawruh marang para wali: “Heh, para kadang wali, ka-wruhana apa kang karan ‘jatining urip’ kuwi. Nora nana urip yen tan ana hak, mandiri lan kodrat.”


Weleh, weleh, iki arane diplokotho dening Siti Jenar. Lha isine manungsa diudani blejet. Ature Siti Jenar, jatining wong urip iku yen wus duwe hak, mandiri, klawan kodrat. Yen siji wae ora ana, kita ora kena disebut wong kang urip sejati.


Hak. Iki pancen tembung saka Arab kang tegese “sunyata”. Anane urip pancen wujude kasunyatan. Urip ora marga dijalari saka polahe wong tuwa loro. Sanajan sanggamaning jalu lan setri bisa nuwuhke “urip”. Yen ora ana wong kang yakin yen jalarane mau bisa ndadekna “urip”. Mulane ing dhawuhe kitab suci Al Quran kasebutake yen “al-haqq iku saka Pengeran”, kasunyatan iku pawewehe Pangeran. Lha, mulane ing dinane iki akeh wong kang padha nuntut anane HAM, alias Hak Azasi Manusia. Menungsa rumongsa ora duwe martabate urip yen hak-hake dilanggar ambek wong liya. Hake wong nembe dibukak-bukak ing jaman modern. Lhah, limang atus tahun kepungkur Siti Jenar wus ngeling ake para wali, yen hake wong urip iku kudu diajeni.


Wong gesang tanpa hak iku padha karo ora urip dadi manungsa, ning kaya  uripe dumadi sak ngisore manungsa. Siti Jenar nyenggol perkara “hak”, amarga hake para wali mau wus kalindhes karo panyuwune raja, yaiku ndhukung adege Demak Bintara Jaya Binangun, kang pangwasane ajejuluk Pangeran Jimbun Abdur Rahman Panatagama alias Raden Fatah. Kang seja-tine saka anak turune wong Mongol, Cek Ko-Po. Sakliyane hak, wong urip kudu anduweni jiwa mandiri. Wani ngadeg dhewe tanpa nggantungake marang liyan. Urip bebrayan pancen urip tulung-tinulung ing kabecikan. Nanging ora urip nggantung marang liyan sahengga dadi abot lan ewuhe liyan.


Siti Jenar rumongsa urip ing sajroning naraka, amarga wong Jawa wis padha kelangan kamandirene sawise Nagara Majapahit sirna. Kaya-kaya wong Jawa wus ora nemokna dalane urip. Mulane nggantungna nasibe ma-rang para priyayi manca, embuh saka Cina, Mongol, India, utawa Arab. Candra sengkalaning ambruke Majapahit, “Sirna Ilang Kertaning Bhumi”, kang ateges 0041, utawa tahun saka 1400 [1478 M], minongko ilange karaharjane bumi Jawa. Wong Jawa wus ora katon maneh sumringahe pasur-yane. Padha golek cantholan mrana-mrene. Nganti-nganti hak lan kaman-direne wis ora kapitung maneh. Yen carane saiki, mlayu mrana-mrene golek utangan, sing penting bisa urip. We...lah, 500 tahun koq isih kaya jamane Siti Jenar ngene....


Lha kaping telune, wong urip kudu duwe kodrat. Tegese kodrat iku kuwasa dhewe tanpa piranti. Nalika manungsa isih rupa jabang bayi ing gua garbaning ibu, manungsa sanggup urip nganggo kodrate. Ananging sawise lahir jebrot, manungsa rumongsa kelangan dayane kanggo urip. Ngemik dimiki. Maem dimaemi. Dipopoki. Diturokke. Lsp. Sejatine menungsa ora kelangan kodrate. Ngemik lan sapanunggalne iku mung kanggo sinau ing tlathah uripe menungsa. Mulane, para wali die-lingake Siti Jenar. Supaya para wali gelem ngawujudake kodrate kanggo kertaning Nusa Jawa. Pramila Siti jenar ngelingake supaya para wali mau ora dijajah karo wong liya. Kayata, Sunan Kalijaga dhewe iku putrane Adipati Arya Teja saka Tuban. Mestine, Sunan gelem mbangun wutuhe krajan Majapahit, ora malah angrewangi anak turun manca dadi raja ing Nusa Jawa.


We..lah, sega wus dadi bubur, limang atus tahun panggah gumantung marang liyan, amarga hak, kamandiren, lan kodrate para elite Jawa wus ora tuwuh maneh kaya sadurunge Majapahit. Muga-muga para sutrisna JAWA bisa bangkit amarga eling marang “HKK”-ne.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

Ngening